Khuthbah Jumat alamatipun iman
الْحَمْدُ لِلَّهِ
الَّذِى جَعَلَنَا بِالإيمَانِ كَامِلِيْنَ وَأَفْهَمَنَا بِشَرَائِعِ الدِّيْنَ.
أَحْمَدُهُ سُبْحَانَهُ
وَتَعَالَى وَأَشْكُرُهُ عَلَى جَمِيعِ نِعَمِهِ كَامِلِيْنَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا ِإلَهَ
إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ شَهَادَةً تُنْجِى قَائِلَهَا عَنِ
النِّيِرَانِ. و أشهد أنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ و رَسُولُهُ المَبْعُوثُ إلَى
سَائِرِ الْخَلاَئِقِ أَجْمَعِيْنَ. اللهمَ صَلِّ و سَلِّمْ و باركْ على عَبْدِكَ
وَرَسُوْلِكَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى إَلِهِ وَأَصْحَابِهِ صَلاَةً وَ سَلاَمًا
دَائِمَيْن وَمُتَلَازِمَيْنِ إلى يَوْمِ الدِّيْنِ.
أمَّا بَعْدُ:
فيا أيُّهَا الحَاضِرُوْنَ ! إِتَّقُوا اللهَ فقد فازَالْمُتَّقُونَ. قال الله
تعالى فى كتابه الكريم أعذ بالله من الشيْطَانِ الرجيم :
إِنَّـمَا الْمُؤْمِنُونَ الَّذِينَ إِذَا
ذُكِرَ اللّهُ وَجِلَتْ قُلُوبُهُمْ وَإِذَا تُلِيَتْ عَلَيْهِمْ آيَاتُهُ زَادَتْهُمْ
إِيـْمَاناً وَعَلَى رَبـِّهِمْ يَتَوَكَّلُونَ ﴿٢﴾ الَّذِينَ يُقِيمُونَ الصَّلاَةَ
وَمـِمَّا رَزَقْنَاهُمْ يُنفِقُونَ ﴿٣﴾ أُوْلَـئِكَ هُمُ الْمُؤْمِنُونَ حَقّاً لَّهُمْ
دَرَجَاتٌ عِندَ رَبّـِهِمْ وَمَغْفِرَةٌ وَرِزْقٌ كَرِيمٌ ﴿٤﴾
إذَا دَخَل أهْلُ الْجَنَّةِ الْجَنَّةَ
وَأَهْلُ النَّارِ النَّارَ أَمَرَ اللهُ تَعَالَى بِأَنْ يَّخْرُجَ مِنَ النَّارِ
مَنْ كَانَ فِى قَلْبِهِ مِثْقَالَ ذَرَّةٍ مِنَ اْلإيْـمَانِ (الحديث)
جَعَلَنَا اللهُ
وَإيَّاكُمْ مِنَ الْفَائِزِيْنَ اْلأَمِنِيْنَ. وَأَدْخَلَنَا وَإيَّاكُمْ فِى
زُمْرَةِ عِبَادِهِ الْمُؤْمِنِيْنَ وَالصَّالِحِيْنَ
وَ قُلْ رَّبِّ اغْفِرْ
وَارْحَمْ وَ أَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِميْنَ
Poro hadirin jamaah
Jum’ah ingkang kawulo mulyaaken
Pertama-tama monggo kito ngaturaken puji
syukur dateng Allah swt. Ing nopo kanti rohmat, taufiq, hidayah serto
inayahipun ,kito ing siang meniko saget makempal dateng masjid meniko,
ninda’aken ibadah kewajiban kito arupi sholat Jum’ah kanti berjama’ah.
Mugi-mugi sedoyonipun amal ibadah kito ing siang meniko, dipun tampi deneng
Allah swt. Amin. Kaping kalihipun sholawat soho salam mugi tansah kunjuk
dumateng junjungan kito Nabi Agung Kanjeng Nabi Muhammad saw soho sedoyo
keluarga, kerabat, shohabat soho sedoyo penderekipun dumuginipun akhir zaman
mangke. Lan mugi-mugi benjang ing akherat kito sedoyo saget nampi syafaatipun.
Amin !
Hadirin ingkang kawulo hurmati,
Sak derengipun khutbah,langkung rumiyin kawulo
ngaturaken maksud serto tujuannipun. Ing wekdal meniko nerangaken alamatipun
iman.
Poro hadirin mogo kito tingkataken ketaqwaan kito
dateng Gusti Allah taala tegesipun, ningkataken ingdalem ngelampahi
perintah-perintahipun Allah soho nebihi dateng sedoyo awisan-awisanipun. Salah setunggalipun
inggih meniko meningkatkan kadar keimanan. Saget kanti mirengaken pengajian,
ngathah-ngathahaken dzikir, maos Al-Qur’an, mendet pelajaran saking
kedadosan-kedadosan ing sekitar kito, merhatosaken keagunganipun Allah kanti
merhatosaken ciptaanipun, ningkataken amal ibadah kito lan sak sanes sanesipun.
Wondene alamat meningkatipun iman, saget kito perhatosaken dawuhipun Allah
wonten QS. Al-Anfal ayat 2-4
إِنَّـمَا
الْمُؤْمِنُونَ الَّذِينَ إِذَا ذُكِرَ اللّهُ وَجِلَتْ قُلُوبُهُمْ
Saktemene wong-wong kang podo iman
iku wong-wong kang naliko disebut asmane Allah gredek atine,
Artosipun,
namung tiyang ingkang anggadhahi iman, ingkang menawi dipun sebat asmanipun
Allah lajeng gemeter manahipun. Roso ajrih meniko keranten angsalipun
ngegungaken Asmanipun Allah. Mila menawi anggadhahi kekajengan nglampahi dosa
utawi maksiat, piyambaipun selajeng enget dateng Allah lan ajrih nglampahi
maksiat
وَإِذَا
تُلِيَتْ عَلَيْهِمْ آيَاتُهُ زَادَتْهُمْ إِيـْمَاناً
Lan nalikane diwacakne ingatase
dewekne dawuh-dawuhe Allah, soyo tambah imane
Artosipun,
menawi maos qur’an utawi mireng waosan Al-Qur’an piyambak’ipun mboten sekedar
mireng keindahanipun waosan, ananging mangertos maksudipun bilih suanten meniko
dhawuhipun Allah ingkang dados pitedah kangge kebahagiaanipun menungso ingkang
kedah dipun gate’aken
وَعَلَى
رَبـِّهِمْ يَتَوَكَّلُونَ
Lan ingatase pengerane, dewekne podo pasrah.
Artosipun,
menungso meniko titahipun pengeran, pengeran ingkang ngersaaken menungso
gesang, pengeran ingkang nyekapi kabetahanipun gesang, pengeran ingkang paring
pitedah kados pundi coro gesang ingkang saget dadosaken kebahagianipun. Selajeng
boten wonten coro malih kanggenipun menungso kejawi namung pasrah derek’aken
dateng menopo ingkang dados pikajenganipun. Pengeran meniko welas asih, mokalo
badhe njomprongaken tiyang ingkang sampun pasrah.
الَّذِينَ
يُقِيمُونَ الصَّلاَةَ
Selajenipun
alamatipun iman, inggih meniko piyambak’ipun sami nglampahi solat. Tegesipun Sholat
ingkang saestu, boten shalat asal-asalan nopo maleh shalat ingkang tasik
bolong-bolong. Piyambak’ipun percados bilih, shalat meniko pendamelan ingkang
kedah dipun lampahi, shalat meniko ingkang saget mbekto dateng gesang ingkang
teratur, gesang ingkang tansah ngengetaken dateng dzat ingkang damel gesang.
وَمـِمَّا
رَزَقْنَاهُمْ يُنفِقُونَ
Lan dateng rizki paringanipun Allah
sami nafaqahaken, nafkahaken dateng keluarga ingkang dados tanggungjawabipun,
ngedalaken zakatipun ingkang dados kuwajibanipun, nyedekahaken dateng tiyang
ingkang sanget mbetahaken lan ngedalaken kangge perjuangan agami keranten pados
karidloanipun Allah.
أُوْلَـئِكَ
هُمُ الْمُؤْمِنُونَ حَقّاً
Tiyang tiyang ingkang mekaten meniko poro
hadirin tiyang-tiyang ingkang anggadahi iman kanti saestu, iman ingkang naming kaucap
dateng lesan nanging iman ingkang kabokteaken mawi amal ibadah.
لَّهُمْ
دَرَجَاتٌ عِندَ رَبّـِهِمْ وَمَغْفِرَةٌ وَرِزْقٌ كَرِيمٌ
piyambak’pun
bade angsal derajat ingkang inggil saking sisinipun Allah, angsal pangapuntenipun
soho angsal rizqi kenikmatan ingkang
minulyo.
Poro
hadirin kanti dawuh meniko, kito saget metani badanipun piyambak. Kados pundi
iman kito. Sampun nyekapi alamat kasebat menopo dereng, menawi dereng, monggo
kito cancut tali wondo, kanti rekodoyo kados pundi supados iman terus
meningkat, keranten iman meniko saget menentukan, keslametan lan kebahagiaan
kito wonten donyo lan akherat mangke.
Dhawuhipun
kanjeng Nabi Muhammad saw: naliko ahli suwargo wus mlebu suwargo lan ahli
neroko wus mlebu neroko, Gusti Allah perintah supoyo ngetok’ake ahli neroko
kang ing atine ono sethithik iman.
Mugi2
kito saget meraih iman ingkang sempurno, kalebet golonganipun tiyang ingkang
bejo, slamet lan tiyang ingkang sahe ! amin
Baitul muttaqin, 20
Sep 2019
Karomah,27 Sep 2019
0 Komentar:
Posting Komentar
Berlangganan Posting Komentar [Atom]
<< Beranda