nurbuat.blog.com

Kamis, 15 Mei 2014

Doa setelah shalat Jenazah




اَللَّهُمَّ هَذَا عَبْدُكَ وَابْنُ عَبْدَيْكَ خَرَجَ مِنْ رَوْحِ الدُّنْيَا وَسَعَتِهَا وَمَحْبُوْبِهِ وَأَحِبَّاءِهِ فِيْهَا إِلََى ظُلْمَةِ الْقَبْرِ وَ مَا هُوَ لَاقِيْه
 كَانَ يَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ وَحْدَكَ لَا شَرِيْكَ لَكَ وَ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُكَ وَ رَسُوْلُكَ وَ أَنْتَ أَعْلَمُ بِهِ مِنِّى
 أَللَّهُمَّ إِنَّهُ نَزَلَ بِكَ وَ أنْتَ خَيْرُمَنْزُوْلٍ بِهِ وَ أَصْبَحَ فَقِيْرًا إِلَى رَحْمَتِكَ وَ أَنْتَ غَنِيٌّ عَنْ عَذَابَهِ وَ قَدْ جِئْنَا رَاغِبِيْنَ اِلَيْكَ شُفَعَاءَ لَهُ
اَللَّهُمَّ اِنْ كَانَ مُحْسِنًا فَزِدْ فِى اِحْسَانِهِ وَ اِنْ كَانَ مُسِيْئًا فَتَجَاوَزْ عَنْهُ وَ لَقِّيْهِ بِرَحْمَتِكَ رِضَاكَ وَقِهِ فِتْنَةَ الْقَبْرِ وَعَذَابَهُ وَافْسَحْ لَهُ فِى قَبْرِهِ وَجَافِ اْلأرْضِ بَيْنَ جَنْبَيْهِ وَلَقِّهِ بِرَحْمَتِكَ اْلأَمْنَ مِنْ عَذَابِكَ حَتَّى تَبْعَثَهُ أَمِنًا إِلَى جَنَّتِكَ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّحِمِيْنَ
Duh Allah mayit meniko kawulo panjenengan lan putro kawulo kekalih panjenengan, piyambak’ipun sampun medal saking kasenengan lan jembaripun dunyo, soho saking perkawis ingkang dipun remeni lan poro kekasihipun ingkang taksih wonten ing donyo, nuju dateng petengipun kubur, lan badhe ngadhepi perkawis ingkang piyambak’ipun mesthi kepanggih.
Piyambak’pun ngakeni bilih boten wonten pengeran ingkang kedah dipun sembah lan dipun thoati kejawi panjenengan ingkang sifat setunggal,  lan boten wonten ingkang nyekutoni, lan ugi ngakeni bilih sejatosipun kanjeng Nabi Muhammad saw meniko kawulo lan utusan Panjenengan. Panjenengan langkung pirso dateng piyambak’ipun katimbang kulo.
Duh Allah, piyambak’ipun sowan dateng Panjenengan sedeng panjenengan langkung sahe-sahenipun Dzat ingkang dipun sowani,  piyambak’ipun sanget betahipun dateng sih kawelasan panjenengan Gusti . . .! Sedeng Panjenengan boten butuh nyikso dateng piyambak’ipun. Kulo sedoyo ingkang sami ndugi meniko sami remen lan ngajeng-ngajeng rohmad Panjenengan lan ambiyantu nyuwunaken sih kawelasan Panjenengan dateng piyambak’ipun.
Duh Allah, lamun piyambak’ipun meniko tiyang ingkang sahe (bekti) mugi Panjenengan tikel-tikelaken ganjaranipun ngabekti, lan lamun piyambak’ipun awon lampahipun, mugi panjenengan sepunten lan mugi Panjenengan  paring karidlowan kanti rohmad Panjenengan .
Lan mugi Panjenengan rekso saking fitnahipun kubur soho siksonipun, lan mugi panjenengan paringi jembar kuburipun, lan mugi Panjenengan benggangaken bumi ingkang nyepit badanipun.  Lan mugi panjenengan paringi tentrem tanah saking sikso Panjenengan,  ngantos wekdal Panjenengan tange’aken sangking kuburipun kanti tentrem nuju dateng suwargo Panjenengan pikantuk rohmad Panjenengan, Duh Dzat ingkang selangkung asih.
Dipum pendet sangking “Kitab Masail Janaiz” koco 26-28, rakitanipun KH. Misbah Musthofa, kanti sekedik edit
Kaligede, 16 -5-2014

0 Komentar:

Posting Komentar

Berlangganan Posting Komentar [Atom]

<< Beranda