nurbuat.blog.com

Jumat, 20 September 2019

Khuthbah Jumat alamatipun iman


الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِى جَعَلَنَا بِالإيمَانِ كَامِلِيْنَ وَأَفْهَمَنَا بِشَرَائِعِ الدِّيْنَ.
أَحْمَدُهُ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَى وَأَشْكُرُهُ عَلَى جَمِيعِ نِعَمِهِ كَامِلِيْنَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا ِإلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ  شَهَادَةً تُنْجِى قَائِلَهَا عَنِ النِّيِرَانِ. و أشهد أنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ و رَسُولُهُ المَبْعُوثُ إلَى سَائِرِ الْخَلاَئِقِ أَجْمَعِيْنَ. اللهمَ صَلِّ و سَلِّمْ و باركْ على عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى إَلِهِ وَأَصْحَابِهِ صَلاَةً وَ سَلاَمًا دَائِمَيْن وَمُتَلَازِمَيْنِ إلى يَوْمِ الدِّيْنِ.
أمَّا بَعْدُ: فيا أيُّهَا الحَاضِرُوْنَ ! إِتَّقُوا اللهَ فقد فازَالْمُتَّقُونَ. قال الله تعالى فى كتابه الكريم أعذ بالله من الشيْطَانِ الرجيم :
إِنَّـمَا الْمُؤْمِنُونَ الَّذِينَ إِذَا ذُكِرَ اللّهُ وَجِلَتْ قُلُوبُهُمْ وَإِذَا تُلِيَتْ عَلَيْهِمْ آيَاتُهُ زَادَتْهُمْ إِيـْمَاناً وَعَلَى رَبـِّهِمْ يَتَوَكَّلُونَ ﴿٢﴾ الَّذِينَ يُقِيمُونَ الصَّلاَةَ وَمـِمَّا رَزَقْنَاهُمْ يُنفِقُونَ ﴿٣﴾ أُوْلَـئِكَ هُمُ الْمُؤْمِنُونَ حَقّاً لَّهُمْ دَرَجَاتٌ عِندَ رَبّـِهِمْ وَمَغْفِرَةٌ وَرِزْقٌ كَرِيمٌ ﴿٤﴾
إذَا دَخَل أهْلُ الْجَنَّةِ الْجَنَّةَ وَأَهْلُ النَّارِ النَّارَ أَمَرَ اللهُ تَعَالَى بِأَنْ يَّخْرُجَ مِنَ النَّارِ مَنْ كَانَ فِى قَلْبِهِ مِثْقَالَ ذَرَّةٍ مِنَ اْلإيْـمَانِ (الحديث)
جَعَلَنَا اللهُ وَإيَّاكُمْ مِنَ الْفَائِزِيْنَ اْلأَمِنِيْنَ. وَأَدْخَلَنَا وَإيَّاكُمْ فِى زُمْرَةِ عِبَادِهِ الْمُؤْمِنِيْنَ وَالصَّالِحِيْنَ
وَ قُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَ أَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِميْنَ

Poro hadirin jamaah Jum’ah ingkang kawulo mulyaaken
    Pertama-tama monggo kito ngaturaken puji syukur dateng Allah swt. Ing nopo kanti rohmat, taufiq, hidayah serto inayahipun ,kito ing siang meniko saget makempal dateng masjid meniko, ninda’aken ibadah kewajiban kito arupi sholat Jum’ah kanti berjama’ah. Mugi-mugi sedoyonipun amal ibadah kito ing siang meniko, dipun tampi deneng Allah swt. Amin. Kaping kalihipun sholawat soho salam mugi tansah kunjuk dumateng junjungan kito Nabi Agung Kanjeng Nabi Muhammad saw soho sedoyo keluarga, kerabat, shohabat soho sedoyo penderekipun dumuginipun akhir zaman mangke. Lan mugi-mugi benjang ing akherat kito sedoyo saget nampi syafaatipun. Amin !
    Hadirin ingkang kawulo hurmati,
Sak derengipun khutbah,langkung rumiyin kawulo ngaturaken maksud serto tujuannipun. Ing wekdal meniko nerangaken alamatipun iman.
Poro hadirin mogo kito tingkataken ketaqwaan kito dateng Gusti Allah taala tegesipun, ningkataken ingdalem ngelampahi perintah-perintahipun Allah soho nebihi dateng sedoyo awisan-awisanipun. Salah setunggalipun inggih meniko meningkatkan kadar keimanan. Saget kanti mirengaken pengajian, ngathah-ngathahaken dzikir, maos Al-Qur’an, mendet pelajaran saking kedadosan-kedadosan ing sekitar kito, merhatosaken keagunganipun Allah kanti merhatosaken ciptaanipun, ningkataken amal ibadah kito lan sak sanes sanesipun. Wondene alamat meningkatipun iman, saget kito perhatosaken dawuhipun Allah wonten QS. Al-Anfal ayat 2-4
إِنَّـمَا الْمُؤْمِنُونَ الَّذِينَ إِذَا ذُكِرَ اللّهُ وَجِلَتْ قُلُوبُهُمْ
Saktemene wong-wong kang podo iman iku wong-wong kang naliko disebut asmane Allah gredek atine,
Artosipun, namung tiyang ingkang anggadhahi iman, ingkang menawi dipun sebat asmanipun Allah lajeng gemeter manahipun. Roso ajrih meniko keranten angsalipun ngegungaken Asmanipun Allah. Mila menawi anggadhahi kekajengan nglampahi dosa utawi maksiat, piyambaipun selajeng enget dateng Allah lan ajrih nglampahi maksiat
وَإِذَا تُلِيَتْ عَلَيْهِمْ آيَاتُهُ زَادَتْهُمْ إِيـْمَاناً
Lan nalikane diwacakne ingatase dewekne dawuh-dawuhe Allah, soyo tambah imane
Artosipun, menawi maos qur’an utawi mireng waosan Al-Qur’an piyambak’ipun mboten sekedar mireng keindahanipun waosan, ananging mangertos maksudipun bilih suanten meniko dhawuhipun Allah ingkang dados pitedah kangge kebahagiaanipun menungso ingkang kedah dipun gate’aken
وَعَلَى رَبـِّهِمْ يَتَوَكَّلُونَ
Lan ingatase pengerane, dewekne  podo pasrah.
Artosipun, menungso meniko titahipun pengeran, pengeran ingkang ngersaaken menungso gesang, pengeran ingkang nyekapi kabetahanipun gesang, pengeran ingkang paring pitedah kados pundi coro gesang ingkang saget dadosaken kebahagianipun. Selajeng boten wonten coro malih kanggenipun menungso kejawi namung pasrah derek’aken dateng menopo ingkang dados pikajenganipun. Pengeran meniko welas asih, mokalo badhe njomprongaken tiyang ingkang sampun pasrah.
الَّذِينَ يُقِيمُونَ الصَّلاَةَ
Selajenipun alamatipun iman, inggih meniko piyambak’ipun sami nglampahi solat. Tegesipun Sholat ingkang saestu, boten shalat asal-asalan nopo maleh shalat ingkang tasik bolong-bolong. Piyambak’ipun percados bilih, shalat meniko pendamelan ingkang kedah dipun lampahi, shalat meniko ingkang saget mbekto dateng gesang ingkang teratur, gesang ingkang tansah ngengetaken dateng dzat ingkang damel gesang.
وَمـِمَّا رَزَقْنَاهُمْ يُنفِقُونَ
Lan dateng rizki paringanipun Allah sami nafaqahaken, nafkahaken dateng keluarga ingkang dados tanggungjawabipun, ngedalaken zakatipun ingkang dados kuwajibanipun, nyedekahaken dateng tiyang ingkang sanget mbetahaken lan ngedalaken kangge perjuangan agami keranten pados karidloanipun Allah.
أُوْلَـئِكَ هُمُ الْمُؤْمِنُونَ حَقّاً
Tiyang tiyang ingkang mekaten meniko poro hadirin tiyang-tiyang ingkang anggadahi iman kanti saestu, iman ingkang naming kaucap dateng lesan nanging iman ingkang kabokteaken mawi amal ibadah.
لَّهُمْ دَرَجَاتٌ عِندَ رَبّـِهِمْ وَمَغْفِرَةٌ وَرِزْقٌ كَرِيمٌ
piyambak’pun bade angsal derajat ingkang inggil saking sisinipun Allah, angsal pangapuntenipun soho angsal rizqi  kenikmatan ingkang minulyo.
Poro hadirin kanti dawuh meniko, kito saget metani badanipun piyambak. Kados pundi iman kito. Sampun nyekapi alamat kasebat menopo dereng, menawi dereng, monggo kito cancut tali wondo, kanti rekodoyo kados pundi supados iman terus meningkat, keranten iman meniko saget menentukan, keslametan lan kebahagiaan kito wonten donyo lan akherat mangke.
Dhawuhipun kanjeng Nabi Muhammad saw: naliko ahli suwargo wus mlebu suwargo lan ahli neroko wus mlebu neroko, Gusti Allah perintah supoyo ngetok’ake ahli neroko kang ing atine ono sethithik iman.
Mugi2 kito saget meraih iman ingkang sempurno, kalebet golonganipun tiyang ingkang bejo, slamet lan tiyang ingkang sahe ! amin

Baitul muttaqin, 20 Sep 2019
Karomah,27 Sep 2019